Titis, Tetes, Tetesing Sabda Berbudi Bawa Laksana

Senin, 11 Juli 2011

Geguritan "Sepi"

Sepi


Sanajan sepining pikiran anekani
Agawe nglambranging ati
Katon dadi suwunging manah
Ilanging rasa sumringah

Sepi ing manah
Sepi ing panggawe
Tansah agawe bungkrah
Rasane kelangan daya lan upaya

Tumuju ing sajroning ati
Aku tansah pasrah marang Gusti
Pepinginanku naming siji
Agawe ilanging sepi iki


 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar